Selasa, 24 November 2009

SANGGARWANGI (1)

Ini bukan deskripsi anak masa kini. Tetapi ngudarasané seseorang yang pernah mengenyam hidup dan kehidupan di Tinggarwangi puluhan tahun yang lalu. Bagian dari naskah Sanggarwangi dalam buku Seri Éling Wong Tuwa 2. Dimuat dalam blog ini atas saran putra wayah Éyang Sudiwan Atmosumarto dan Sêrkini, dengan harapan bisa membangkitkan nuansa kultural dan batiniahnya. Tulisan ini, tidak menggunakan cara bahasa Indonesia yang baku, tetapi justru banyak memasukkan kosa kata dan "slank" percakapan gaya Tinggarwangi. Muga-muga kênaa nggo pêngéling-éling, cêkêlan waton. Sanggarwangi (1) adalah bagian pertama dari risalah ini. Bagian kedua dengan judul Tinggarwangi (2) termuat dalam blog yang sama.

Tinggarwangi mungkin bisa disebut dukuh atau sub desa. Dukuh Tinggarwangi dan Pagentan, digabung menjadi satu adminis­trasi desa dengan nama Desa Gentawangi. Tidak ada bukti tertulis, me­nga­pa diberi nama Tinggarwangi. Sêsêpuh yang saya kenal, pernah mengata­kan bahwa yang tepat adalah Sang­gar­wangi. Semen­tara bebe­rapa orang tua di Tinggarwangi mengata­kan Glagah­wangi. Gla­gahwangi, Tinggarwangi ataukah Sanggarwangi? Nama yang mana­pun, secara lokasi merujuk pada desa yang sama. Perbe­daan dapat terjadi karena konteks dan sudut pandang rasa pema­haman, sehing­ga dalam penulisan ini tidak perlu dijadikan polemik.
  • Giyèh! Kuwé énggané sing nggo irah-irahan tulisanmu ora Sang­gar­wangi kêprimèn? Rasané koh kaya ana pêrtapan utawa padhépokan sing ngganda arum . . . mBok kapikên!
  • Jané taah, Yu! Sing arané : jênêng utawa têngêr wujud têmbung, pancèn sing akèh-akèh lan wis samêsthiné ngêmu surasa, gêdhéné ngêmu karêp. Karêpé sapa? Karêpé sing gawé utawa sing paring jênêng. Sing gawé lan paring sapa? Sing maringi, panjênêngané pinisêpuh sing wis pana babagan pangêrtên lan kêna déarani njaba-jero. Ngêndikané, yèn jênêng sing tepat : Sanggarwangi. Déné aku, nuwun séwuné, kumawani mélu-mélu nganggo têmbung Sanggarwangi nggo irah-irahan tulisan kiyé, sêpisan pinang­ka rasa pakurmatan lan pangabêktiku maring panjê­nêngané sing wis kêsdu nglubèrna pangêrtèn lan tuntunan, nganti aku bisa nicipi ora kétang sacêcêp, bab pilênggahé para lêluhur nêng kéné, désa kiyé.
  • Lah kuwé, dénèng sih tharik-tharik mandan mêdéni!
  • Ya ora mêdéni ora apa. Pindhoné, malah kêpara matur nu­wun. Muga-mugaa, têmbung Sanggarwangi mau pinang­ka pêng­éling-éling inyong padha mèn kudu tansah lêwih mêrsudi nindakakên tuntunaning para luhur, murih pinaringan bêrkah slamêt. Déné kanggoné bocah-bocah inyong sapituruté, sênajan ora lair nêng désa kiyé, déangkah têtêp padha bisaa mélu nglêluri pangêrtèn pinang­ka garan­ing urip bêbrayan kanthi pinaringan sawab lan pangèstuné kaki-nini. Têmbung Sanggarwangi tuli apik! Wantahé, sanggar kuwé simbuling umah utawa pang­gonan. Wangi, wis ngarani.
  • Dadi ya ana mak­sudé, ya?
  • Ana. Muga-muga baé inyong padha bisa nindakakên pangêrtèn sing jumbuh karo têmbung Sanggarwangi. Mulané têk nggo irah-irahan.
Saya bukan ahli bahasa dan juga tidak mempunyai wewenang apa-apa soal pemberian nama desa. Itu sudah warisan. Kaya apaa têm­bungé, kita sukuri saja. Kalau saya memakai uraian ini dengan judul Sanggarwangi, semata-mata sebagai rasa hormat kepada para sêpuh yang juga memahami desa kelahiran saya ini. Pemberian nama dan atau sebut­an seperti Glagahwangi dan Sanggar­wangi, memang tidak dikenal dan tidak dipakai dalam pergaulan. Sebutan tersebut hanya difahami oleh orang-orang atas dasar penger­tian tertentu, terutama yang berkaitan dengan budaya dan pema­haman batiniah. Menurut per­gaulan dalam masya­rakat, cukup menyebut Ting­gar­wangi.

Sementara itu, secara resmi atau menurut pemerintah, nama desa adalah Genta­wangi. Dibaca : Gênthawangi. Nama yang terdiri atas dua kata, yakni gentha dan wangi. Gêntha artinya bel besar. Gênthawangi, the Fragrance Bell. Lho, bagus kan? Apakah sebutan Pagênthan berasal dari kata pa+ gêntha+an yang artinya tempat para pembuat gêntha? Jadi kalau ada yang menafsirkan Pagênthan sebagai tempatnya para gêntho atau para maling, rasanya kok mengada-ada. Aja sêmbrana ya! Wong inyong bisa lan duwé crita sing ana tuké sêkang para lêluhur. Sing inyong padha mung kari nampani sawabé.
  • Irah-irahan kuwé apa sih, Yang?
  • Irah-irahan ya : judul. Ko sing padha sêkolah sih, kêprimèn!
  • Lha apa Éyangé, sekolahnya dimana?
  • Éé . . . sekolah Kartini koh ya? Ora kaya ko padha. Nulis latin aksarané ndêgèg kaya bêthara Narada. Kuwé gêdrig apa nulis alus. Siki tah baguus, wong ana pêlajaran nulis Jawa. Kuwé si Arif, anggêr ana pé-èr nulis Jawa, mlayu ngénèh. Ningèn anggêr têk dêlêng tulisané koh ora moni!
  • Dénèèng! Wong éyangmu baé mafhum irah-irahan koh ya? Enggané sêkolahé lêwih dhuwur tênimbang sekolah Kartini taaah, lêwih tasdik ngroncé têmbung ya?
  • Lha wong Éyangé niku asring mancéni mawon!
  • Mancéni jané sih ya ora. Mung sakingdéné ngéman ko padha, supaya sinau sing gênah lan mêmpêng!  Irah-irahan kuwé têmbung Jawa. Cara Indonesia-né : judul. Apa ana gan­dhéngané karo sirah utawa êndhas, ya êmbuh. Mèn gampang kaya kiyé : Irah-irahan kuwé nggoné nêng nduwur, sadurungé jléntrèh tulisan. Sirah, nggoné ya nêng ndhuwur. Sênajan turon, déétungé ya nêng ndhu­wur, ora nggango têmbung nêng sisih kiwé apa têngên. Sênajan péyang, gundhul, gondrong utawa ngganggo jilbab, ana sing katon ya kuwé rai. Dadi, sing détiténi ya sirah. Supaya ngêrti apa lan sapa, katon nêng rai. Ora nêng dhêngkul. Sêmana uga irah-irahan utawa judul, ya nêng ndhuwur. Irah-irahan ana têmbungé sing bisa déwaca. Uniné irah-irahan nidhokna apa isi jléntrèh tulisan sangisoré. Kaya déné rai sing dadi siji nêng sirah. Prapasing praupan, bêbasan bisa kêwaca duwé karêp apa lan ana apa. Sing penting dudu blêgêr péyang apa pènjol, ning katoning rai, kaé sapa.
  • Napa irah-irahan kanggéné wontên sêratan?
  • Ya. ora! Sênajan nêng sêsorah, lakon wayang, lakon sinétron lan sapituruté, ya nganggo irah-irahan pinangka ringkêsing pêrkara lan nggo nggênahna sing dijlèntrèh.
Tegur Sapa
Jika kalian ditanya : “Sampéyan tiyang pundi?” Jawabannya bisa bervariasi, tergantung siapa dan dimana kalian ditanya. Jika kebe­tulan berada di New York, Frankfurt atau Tokyo, jangan terus men­jawab : saya orang Tinggarwangi ! Lha nggak ngêh mereka! Menyebut Jatilawang, Purwokerto saja pasti bingung! Bisa-bisa kalian dianggap tidak mengerti pertanyaannya. Wong menyebut Indonesia saja, ka­dang-kadang nggak faham. Ngertinya Bali! Kok, bisa? Ya, karena itu­lah sebutan yang paling berdekatan dengan pengertiannya. Lha, orang Kenya saja pernah tanya : Jakarta itu sebelah mana Singapore? Buset!
  • Lha kula anggêr têng Jakarta wontên sing takon, kula nggih wangsulan saking Jawa Tengah utawi Purwokerto. Ning anggêr sing takèn kados-kados tiyang Jawi, kula nggih mangsuli Purwokerto napa Jatilawang. Malah kadhang-kadhang wontên sing nêgês malih Jatila­wang-é pundi. Nêmbe kula cêthakakên Ting­gar­wangi.
  • Ora nyêbut Gêntawangi?
  • Kirangan nggih. mBotên niku! Wong sing kathah-kathah anggêr ngêrtos Jatila­wang nggih ngêrtosé Tinggarwangi.
  • Aja-aja sing takon wong Karangréna utawa wong sing duwé sêdulur nêng kéné.
  • Sanès lah. Kêyambêké batir ngodhé saking Kawungan-tên.
  • Iya. Mung sing déjaga aja nganti kêblondrong. Wong aku tau, koh ya?
  • Naté kêpri­pun sih?
  • Têk crita ya, olih mbok?
  • Lha niku sing kula ajêng-ajêng, wong sêniki wayahé dongèngan.
  • Wêktu sêmana aku nêng bingkil spesialis Honda, pérêk Dirgantara AURI. Aku nunggoni, ngobrol karo sawijing pelanggan sing uga lagi sérvis Accord-é. Gagah, ngagêm topi kaya sing déênggo anggêr main golf. Ana tulisan Thailand. Ndéan anu olih-olih sing kana. Kaca­mata ray-band. Katon bêr­kêlas. Ngobrol ngalor-ngidul bab ke­mam­puan maneuver kenda­raan. Panjênêngané ndangu : Mas, aslinya mana? — Purwokerto (Jawaban umum kalau di Jakarta) — Purwo­kerto-nya? — Jatilawang, Tinggarwangi. — Putranya Guru Diwan Tinggarwangi ya? — (Srrèpèt!) Éh, nggih! — Pangling karo aku, ya? Lha kalau mbakyumu Maryati ya apal! — (Buset! sapa sih ya?) Nuwun séwu, panjênêng­an . . . ? — Aku Djarwo, Karang­lêwas . . . — O Allah, Gusti . . . lha panjênêngan paman kula! Nyuwun pangapuntên! (Saya menyalami sungkêm) — Hé, hé, hhé hééé . . . Ya wis, padha-padha. Ngko dhingin, ko sing arané . . . — Turip. Kula Turip. Urutan nomêr wolu. Yu Mar nomêr tiga. Lha, pangling! Wong bapak ngagêm kaca tingal ngotên. — Hé - éh. Ngênom-nomi. — Dospundi, ibu kaliyan putra-putra sami sugêng? — Ya slamet.
  • Dados niku Éyang Djarwo sing marsekal AURI? — Ya! — Laah, niku sih mbotên kêblondrong, malah dhawah kêlêrêsan! — Ya désukuri, jênêng Tinggarwangi ésih bisa nggo canthèlan . . .
Seandainya kita memilah orang-orang yang berkaitan dengan Ting­gar­wangi, sekurang-kurangnya akan terlihat empat kelompok. Ma­sing-masing tentu akan mempunyai persepsi yang berbeda tentang desanya. Cobalah kita amati.
  1. Mereka yang sejak lahir hingga kini tetap ber­mu­kim di desa ini. Mereka mengalami dan merasakan tiap perkem­bangan di desa. Jika sekali tempo melakukan perjalanan ke luar desa atau­pun ke daerah lain jika ada kegiatan serta interaksi sosial yang dilakukan, mereka merasakan perubah­an-perubahan yang terjadi di desa dengan ungkapan biasa-biasa saja.
  2. Mereka yang lahir dan besar serta berkeluarga di desa tetapi sering berada di luar daerah karena tuntutan penghidup­annya. Mereka secara periodik pulang ke keluarga di desa. Ter­masuk mereka yang bermukim di daerah Banyumas dan selalu mengerti keadaan di Tinggarwangi.
  3. Mereka yang lahir di Tinggarwangi, menikmati masa kecil atau remaja di desa, kemudian bermukim di luar daerah. Hanya sekali tempo berkunjung ke kerabat yang masih tinggal di desa.
  4. Lahir di luar daerah, tetapi orang tua atau leluhurnya diketahui sebagai orang Tinggarwangi. Mereka, karena faktor orang tuanya, mempunyai kaitan dengan kerabat yang masih di Tinggarwangi.
Tinggarwangi — menurut para saksi dan orang tua saya — adalah tempat kelahiran. Di desa ini saya hadir, dengan lantaran ukiran jiwa raga orang tua saya, atas kehendak Yang Maha Kuasa, ya Gusti Allah Ingkang Maha Agung. Subhanallah! Dari sudut pandang sinau, di desa ini — sadar atau tidak — saya mengawali belajar tentang hidup dan kehidupan, tempat yang merupakan awal dan salah satu sanggar atau padhé­pokan.

Tempat atau desa kelahiran hanyalah salah satu faktor pengingat untuk ndêlêng mburi. Bukan sekedar menengok ke belakang, tetapi melihat masa lalu sebagai bagian dari menilai diri. Dari desa inilah saya mengawali sejarah, belajar tentang hidup dan kehidupan sejak puluhan tahun yang lampau. Secara lahiriahpun, saya bersukur ma­sih bisa mengunjungi. Dalam risalah Tinggarwangi (2) merupakan gambaran pada masa saya masih sebagai penghuni desa Tinggarwangi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Pendapat, saran dan komentar